Selasa, 06 Januari 2015

Skenario naskah wayang Anoman Patah Hati jaluk Mati




Skenario naskah wayang
Anoman Patah Hati jaluk Mati


Keperang dados 5 alur:

Ingkang sepisan inggih menika dipunwastani Pengenalan
1.      Hanoman mara ing negari Pringgondani, ingkang rajanipun Gathotkaca.

Ingkang angka kalih dipunwastani penggawatan.
2.      Hanoman seneng karo Sundari, sing dikirone isih single, nanging jebule wis nduwe bojo.

Ingkang angka tiga dipunwastani Penanjakkan
3.      Hanoman tukaran karo Abimanyu, sing jebule iku bojone Sundari.

Ingkang angka sekawan dipunwastani puncak.
4.      Hanoman kelangan daya pas kalah perang karo Abimanyu.
                                              
Ingkang pungkasan dipunwastani Peleraian.
5.      Hanoman wis sepuh jaluk mati.












Ingkang sepisan inggih menika dipunwastani Pengenalan
1.   Hanoman mara ing negari Pringgondani, ingkang rajanipun Gathotkaca.

PENDAHULUAN

Ing sesi sepisanane, Dhalang ngetokake wayang Hanoman, Gathotkaca, Kalabendana, Dewi Arimbi, lan wayang Sundari.


Nggambaraken swasana negerine Hanoman koyak kocar-kacir kena lindhu lan angin lesus. Dewekke (Hanoman) terus lunga dewe amerga bangsane wis entek kabeh kena bencana mau. Mleset mencolot miber ing awang-awang nganti ceblok tekan negeri sing jenenge negri Pringgondani. Pas nyeblok kethek putih mau ditulungi Kalabendana lan diadepke marang raja Gathotkaca.

Pathet nem  jugag (bukak ngarep)      
Rem-rem sorote kang  hyang arka kaeksi o,,,
Pucak ing haldaka murub yen janmaha(garba persandian) kadhi susasmiteng dasih ing saliring laku o….
Lampahing dumadi o,,,
Gilir gumanti o…
Duka sukaning griya yekti gegadangan
Pangesahing diri titah ing gusti o…..
Kang sarwa dumadi o…..


Hanoman        :”hadooohhh ngene ki kepriyee, ajuur ajur ajurr negaraku....! yen aku ana ning kene ra ana balane mending aku lunga wae!” (nggremeng terus mencolot mabur)

***

Ditengah adegan dikasih tenbang atau ada-ada (pertengahan dialog…)

Nglembara ing awang-awang 
Hangelangut bebasan tanpa tepi
Narabasing  mega mendung
Ngider ideri jagad ngulandara nglembara ngunggahi gunung miwah sagung gagahan
Satemah ginawa ngimpi

Kalabendana   : (mlaku menjobo keraton ndheleng langit) ”Sore-sore mengkene kok okeh pedut e, kayane langit sisih lor kok mendung ngilak-ngilak. Hemmhhh jane nek aku isih nduwe bojo, tak jak kelon langsung iki. Hawane yo ndukung anyepe ngene. Ho ho ho...”
Kalabendana   :” We ee...lhadalaahhhh....kae apa mabur mudun nyedakki aku?? Tak tampanane jek e nek menowo kuwi apik-apik kanggo aku.” (tangane ngadhong-ngadhong nampani Hanoman ceblok)
Gathotkaca     :” Wonten napa paman, sajak e panjenengan kok tenanan?”
Kalabendana   :” Woow...sapa iki? Le...Gathotkaca! Apa kowe ngerti munyuk putih wanen kabeh wulune iki?”
Gathotkaca     :” Pundi-pundi paman?”
Kalabendana   : (mbopong Hanoman ing ngarepe Gathotkaca)
Gathotkaca     :” Ohh, siwa Anoman, gawa mriki paman, dak tambanane!”
Kalabendana   :” Sapa tho le?”
Gathotkaca     :” Niki siwaku Anoman paman, ingkang nate kula cariyosaken marang panjenengan.”
Kalabendana   :” Oww..kuwi.?!”
Gathotkaca     : “ Siwa Anoman, kenapa njenengan iki wa, siwa kok isa semaput ngene.”
Kalabendana   :” Mboh lho le...aku ora ngapak-ngapakno munyuk kuwi, ehhh siwamu. Aku mau mung ndheleng langit, kok ujug-ujug munyuk kuwi ceblhok koh ndhuwur mengisor. Untunge kok aku le sing nampani, nek ra ana aku dak wis piye le siwamu. Ho ho”
Gathotkaca     :” Inggih paman, kula maturnuwun njenengan sampun nulungi siwaku.”
Hanoman        :” Uhuk-uhuk...uk uk uk..”
Gathotkaca     :” Siwa, pripun raos panjenengan, napa sampun sae?”
Hanoman        :” Dhuhh ngger, atiku sih sesek, dadaku mak blug bleghundhag rasane.”
Kalabendana   :” lhahh bleikk, lha ngopo sampeyan kok isa ceblok semaput tekan kene?”
Gathotkaca     :” inggih wa, sejatosipun wonten punapa?”

Ditengah adegan dikasih tenbang atau ada-ada (pertengahan dialog…)
Nglembara ing awang-awang 
Hangelangut bebasan tanpa tepi
Narabasing  mega mendung
Ngider ideri jagad ngulandara nglembara ngunggahi gunung miwah sagung gagahan
Satemah ginawa ngimpi

Hanoman        :” Iyo ngger, kaya mangkene ceritane. Nalika aku lagi leyeh-leyeh ning ndhuwur wit gedhang, ujug-ujug ana lindhu sing banter banget. Negaraku keontang-anting angin lesus. Kabeh bangsaku entek kabeh. Terus aku mlayu mengidul nrobos angin lesus nganthi dadaku sesek ngger. Ndilalah tekaku kok ceblok ning kene ngger, nggonmu ngger, bejo aku iki mau.”
Kalabendana   :” Heh thek, luwih bejo maneh merga ana aku ngono lho...merga aku mau sing nampani kowe.”
Hanoman        :” O..kuwe le, yo maturnuwun le, wis kok tulungi.”
Gathotkaca     :” Sampun paman, siwa. Ayo ndhang mlebu dhaharan rumiyen.”
Kalabendana   :” Le, apa kethek yo mbok kon mangan koyo menungsa?”
Hanoman        :” Whee...pengecean sampean kuwi..kethek ngenne lah iki panganane sepagheti, kaya wong jaman saiki...hohhoo..”
Kalabendana   :” Oww..ngono yo jebul e.”
Gathotkaca     : (gedhek-gedhek karo mesem ) “ Sumangga paman, ayo..mpun bothen usah ribut, sumangga kula dherekaken”

***

Ana ing ruangan gedhe anane mung meja bundher gedhe lan kursi-kursi ngubengi meja, Dewi Arimbi karo Sundari ngetokke panganan karo nata-nata piring cendhok di ewangi para dayange. Anake, Gathotkaca, ngajak pamane lan siwane madhang sakbanjure jagongan.

Dewi Arimbi   : “Lho..kalih sinten le kowe kuwi?”
Gathotkaca     : “niki leh mah, siwaku Anoman, kethek pethak.”
Kalabendana   : “Aku mau yu sing nulungi munyuk kuwi, hahaha semaput klenger Anoman mau. Aku berati man women yu iki mau.”
Sundari           : “Sumangga paman, dipunsekecaaken.”
Hanoman        : “Le, kuwi sapa kok ayu milik-milik?”
Gathotkaca     : “Kuwi Sundari wa, wonten punapa?”

Ada-ada pathet nem (Umum yang berhubungan dengan roman)
Kadhangmu warahen den becik
Becik hamendema baris
Baris kang prayetna o,,,,,
Aywa saranta sang dwarawati
Pan iku awak pandawa

Kembeng kembeng kumembeng  waspa dres mijil eling lan narima lelaku labuh mring mami pupusa nilar kawula

Hanoman        : “Ora kok le, muk takok thok.” (mesam mesem, atine deg-degan, sir marang Sundari)
Kalabendana   : “Wis ra lah takok-takok, ndang madhang kono lho, selak tak ntekno lho panganane iki ngko.”
Hanoman        : “Angger wetengmun ambi lambemu jadhog dag lah.”

Ada-ada pathet sanga
Dasaring mangsa katiga purnaming gegana ,
Riris harda salah mangsa  adat sagung amung tani jumangkah samya ngayati o…..
Yasa bebedhengan kinarya handeder wiji minangka tumibaning mangsa sanga


***

Ingkang angka kalih dipunwastani penggawatan.
2.   Hanoman seneng karo Sundari, sing dikirone isih single, nanging jebule wis nduwe bojo.

PENGGAWATAN

KI Dalang ngetokake wayang Anoman, Sundari lan wayang Kalabendana.

Tembang / ada ada greged saud pathet nem
Remeng remu soroting  hyang pratangga pati
Himawan seta hanawengi

Pajar ngumenyat gowo hawa adem lan soroting bagaskara kang anget gawe tentrem ati sing lagi bungah. Anoman bungah atine weruh Sundari. Direwangi bengi ora bisa turu, sing ana pikirane ya muk parase Sundari. Pajar kang sumilak, gawe Anoman ndhang-ndhang weruh wanita kang ditresnani. Esuk-esuk Sundari nyirami kembhang ana ing taman, raine katon sedheh. Anoman mara nyedhaki Sundari karep arep takon-takon.

Tembang tantangan sebelum ngomong
Ridu mawur mangawur awur wurahan
Tengaraning ajurih gong maguru gongso teteg kadya butula wor panjriting turanggesti
Rekatak ingkang            
Dwaja lelabuh sepit


Anoman          : “Dik Sundari,?!”
Sundari            : “Wonten napa paman?”
Anoman          : “Aja celuk paman go, mas ngono  lho!”
Sundari            : “Lho kok bisa ta, mangke malah sok ra ngajeni man.”
Anoman          : “Hems yo man neh, yo ra popo dik, mas kan ya isih ngajeni, wong nganthenge ngene kok mbok celuk man.”
Sundari           : “Nggih mas,”
Anoman          : “Lha n gono kuwi lho sing dak karepke.”

Anoman          : “Sajakke sliramu kok sedheh, mundeak elik kuwi lho lambene, goheman nek ora dinggo mesem.”
Sundari           : (mesem sing dipeksa) “Ojo ngono tha man, ndhak marakke gedhe sirahku mengko.”
Anoman          : “Lho malih gedhe yo ra pa-pa tho dik, tetep manis kok.”
Sundari           : “Paman kok mriki wonten napa? Badhe napa?”
Anoman          : “Sajakke aku kawit ndhek bengi kok ora isa turu dik, mikir sliramu, klebayang-bayang awakmu. Apa kowe iki wis ana sing nduwe dik?”
Sundari           : (meneng ae, malah mripat e mrembheng)
Anoman          : “Ana apa tho dik, mbok yo crita marang aku apa kang dadi bebeanmu kuwi? Sejatine, awakku iki tresna marang sampean dik,”
Sundari           : “hu hu hu..” (Nangis lan mlayu  ninggalke Anoman sing bingung ing taman).
(Kalabendana mara ngampiri Hanoman)
Kalabendana   : “Ana apa ta man, Anoman, kok Sundari mau mbok gawe sedhih?”
Anoman          : “Aku ora ngapak-ngapakno kok, wong aku mung pengen ngerti kenapa kok wonge sedhih, ee malah mlayu nangis, aku ya malah bingung ta Ben,”
Kalabendana   : “Lha wong kuwe ki ya lucu kok, wong wis duwe bojo kok isih kok rayu, cedhaki,”
Anoman          : “Uwhophoo??? Wis duwe bojo???”
Kalabendana   : “Iya. Apa kowe ya durung ngerti bojone sapa?”
Anoman          : “Durung.” (karo gedhek)
Kalabendana   :”Hayooo...pengen ngerti apa pengen ngerti bangett???”
Anoman          : “ Aku iki tenanan ok Ben, sapa leh bojone? Tiwass tak tresnani, piye jal ngene kie prerasaanmu jkebul wong sing mbok tresnani wis duwe bojho?”
Kalabendana   : “Neki miturutku ya biyasa wae laahh..jaman sekarang itu cewek lebih banyak dibandhing para jejaka...ha ha ha..”
Anoman          : “Mbok ya aku diweki solusi, aku ora isa nglalekke dik Sundari iki.”
Kalabendana   : “Alaahh padune, lagi kenal wae sedino.”
Anoman          : “Justru iku Ben, cinta bersemi saat pandangan pertama.”
Kalabendana   : “ehg iya, aku arep ngeweki ngerti sapa bojone Sundari kok.”
Anoman          : “iya, sapa ben, kok lali kowe mengko ra mbok kandakna aku.”
Kalabendana   : “Abimanyu.”
Anoman          : “Apa?!?”
Kalabendana   : “Iya!”
Anoman          : “Wadoohh...nek ngono aku ra melu-melu..piye ki, wis kadhung tresnaku iki Ben.”
Kalabendana   : “hiyaahh ben syukuurr kowe...ha ha ha..”

Ada-ada pathet sanga
Dasaring mangsa katiga purnaming gegana ,
Riris harda salah mangsa  adat sagung amung tani jumangkah samya ngayati o…..
Yasa bebedhengan kinarya handeder wiji minangka tumibaning mangsa sanga


Ingkang angka tiga dipunwastani Penanjakkan
3.   Hanoman tukaran karo Abimanyu, sing jebule iku bojone Sundari.

Segmen 3 PENANJAKKAN

Ki Dalang ngetokkake wayang Abimanyu, Anoman, Sundari.
Ada-ada
Cahyamu mencorong
Gandes luwes weh wige
Duh kakang mas ndika punden mami
Kawula sayekti bekti marang kakung
Katon lir kinencang alis risang maweh gandrung o,,,,,

Nalika awan, bumi panase kaya diselep geni. Bagaskara ora gelem kompromi karo menungsa-menungsa sing lagi wae do kepanasan ing ndonya. Abimanyu sing lagi wae balik saka bojo nom weruh Sundari nangis. Abimanyu weruh yen sangkane bojone mau lagi omong-omongan ing taman karo Anoman. Abimanyu langsung marani Anoman karo nesu-nesu. Dene sing Sundari mlayu mlebu senthonge.

Abimanyu       : “man, kenapa bojoku kok gawe nangis?”
Sundari           : “Kakang, mboten Anoman ingkang ndadosaken kula sedih, nanging njenengan kakang, kenapa kakang nggarwa malih tanpa nyuwun idin sakserengipun marang aku kakang? Hu hu hu...”
Abimanyu       : “Nyuwun ngapura aku dik, aku khilaf...”
Anoman          : “Sundari, mending kowe karo aku wae, aku sing wis keuji kesetianane marang wong wadon, Sundari.”
Abimanyu       : “Heh..kowe, Anoman,!”
Anoman          : “Iya iki aku, ana apa Nyu, Manyu?”
Abimanyu       : “aku ra trima bojoku kok rayu. Mending yen sing ngrayu cah lanang barik, lha iki wis tuwek, kethek nisan.”
Anoman          : “Aku ngrayu merga aku tresna tenanan marang Sundari, aku ora bakal koyok kowe sing wani blenjani tresnani Sundari.”
Abimanyu       : “Ayo...do ngebarna kanthi cara wong lanang!”
Anoman          : “Ayo....capa takyuuttt!”
Sundari           : “hikhikhik...mbok ya aja do ngono kakangg...hikhikhik.”

Ingkang angka sekawan dipunwastani puncak.
4.   Hanoman kelangan daya pas kalah perang karo Abimanyu.
                                     
PUNCAK

            Ki Dalang ngetokke wayang Gathotkaca, Patih Setyaki, prajurit, Kalabendana, Abimanyu, Anoman.

Segmen papat manyura
Meh rahina sumubang hyang haruna kadi netraning oga rapuh
Sabdaning ukila
Ring kani gara saketer o….
Nikidung ning akung lwer wuwusing wini panca
Pepetaking ayam wana ing pagagan
Merak hanguwuh bremara ngrabasa
Kusuma ring para hasyan arum

Nalika Gathotkaca lagi wae rembugan karo para patihe, Kalabendana mara. Gathotkaca dikandani pamane Kalabendana yen Abimanyu arep perang tandhing ngrebutna Sundari karo Anoman. Age-age Gathotkaca bubarna kumpulane banjur menyat menjobo madosi siwane lan dulure lanang. Batine Gathotkaca arep ngleremna wong loro kuwi, nanging ora direwes.

Kalabendana   : “kepareng atur den,”
Gathotkaca      : “Wonten punapa paman?”
Kalabendana   : “Abimanyu kaleh Anoman arep perang tandhing den, menika wong keloron sampun wonten ing jawi.”
Gathotkaca      : “Patih Setyaki!”
Patih                : “Wonten dhawuh Gusti!”
Gathotkaca      : “Bubarke ndhisik pasebakan iki”
Patih                : “Sendhika dhawuh Gusti!”
Gathotkaca lan pamane Kalabendana ninggalake pasebakan tumuju jobho nemoni siwane lan dulure lanang.

***

Nglembara ing awang-awang 
Hangelangut bebasan tanpa tepi
Narabasing  mega mendung
Ngider ideri jagad ngulandara nglembara ngunggahi gunung miwah sagung gagahan
Satemah ginawa ngimpi                            

Gathotkaca     : “Wonten napa niki?”
Anoman          : “Wis ngger, ngadoh kowe...aku arep menehi pelajaran bocah iki.”
Abimanyu       : “Aku ra trima, bojoku kok rayu, Man, Anoman. Den Gathotkaca, mending panjenengan mboten usah melu-melu masalah iki, tresnaku marang Sundari”
Anoman          : “Aku ora ngrayu, tapi aku pancen tresna karo bojomu.”
Abimanyu       : “Yo ayo lek ndhang perang tandhing..titeni kowe...hiiiiyaaaaaaaa......”
Anoman          : “Sik-sik...aku rung siap, ayo do luru nggon sing ombo, ayo metu ning jobho.”

Anoman lan Abimanyu mlaku menjobo diiringke karo Gathotkaca lan Kalabendana, dene Sundari isih tangisan ing njero dileremna kalih Dewi Arimbi.

Segmen papat manyura
Meh rahina sumubang hyang haruna kadi netraning oga rapuh
Sabdaning ukila
Ring kani gara saketer o….
Nikidung ning akung lwer wuwusing wini panca
Pepetaking ayam wana ing pagagan
Merak hanguwuh bremara ngrabasa
Kusuma ring para hasyan arum            

Anoman karo Abimanyu padha gelut, padha sektine. Nanging merga Anoman wis tuwa, mula gelis lemes e. Akhire Anoman kalah. Abimanyu guyu cekakaan.

Abimanyu       : “Piye? Isih pengen neruske gelut?”
Anoman          : “Wis...wis. aku wis ora kuwat le.”

Ingkang pungkasan dipunwastani Peleraian.
5.   Hanoman wis sepuh jaluk mati.

PELERAIAN

Ki Dalang ngetokke wayang Anoman, Gathotkaca, Dewi Arimbi, Kalabendana, Abimanyu, Sundari.

Segman lima ada-ada manyura jugag
Mulat mara sang harjuna hesmunira kamanungsan
Kasrepan tingkahireng o….      
Patine sang abimanyu kena ing cidra tandya sang setyaki  o…….

Nalika sore-sore langit kathon coklat semu njambon gambar langit kang endah dipunpirsa. Keluwarga Gathotkaca sami ngempal wonten ing panggonan pakempalan. Anoman katon sedih lan seneng. Dene Abimanyu sing maune kawin maneh, iki wis dingapura marang Sundari. Gathotkaca uga diwejang marang ibune bab bebojoan. Dene Kalabendana wis kathon ayem yen dhewekan.

Kalabendana   : “Wis tuwa barang kok isih cimon...cinta monyet, kkwkwkwkwk..ya ngene iki akibate. Dayane wis ilang...nyawa wae kari sing serepane. Nek serepane ntek kowe pe jaluk sapa?”
Anoman          : “kowe leh ben, peh aku kethek tek mbok arani cimon. He’e ben, dayaku kok wis ora waton. Apa iki wis tandhane yen umurku ora suwe maneh?”
Gathotkaca     : “Siwa niku nggeh aneh-aneh kok. Sampun sepuh kok isih mikirke tresna sesaat.”
Abimanyu       : “Kula nyuwun ngapunten Wa, sampun nggelut sampean.”
Anoman                      : “Ora po-po le, pancen aku sing salah. Gara-gara iki aku tobat le, ngger.”
Kalabendana   : “Ora tobat ya ra po-po man, Anoman. Ra ono sing nglarang. He kowe Abimanyu, kepriye? Isih nduwe gendakan ra?”
Abimanyu       : “Kula nyuwun pangapunten paman. Ndek wingi-wingi kula khilaf.”
Anoman          : “Hemmmhh jebule kwe ngon Nyu, Abimanyu. Mbok ya siji wae, Sundari wonge ya patuh karo kowe. Kok tega-tegane kok sia-sia ngono.”
Abimanyu       : “Nggih man, aku mpun tobat, aku khilaf. Dik Sunadari, aku nyuwun pangapuramu sing ghedhe. Saiki aku wis balik ing Pringgondani, arep bina omah-omah karo kowe sing apik, raharja nir ing samnbikala.”
Sunadari          : “inggih kangmas, janji nggih.”
Abimanyu       : “Iya Dik. Tampanana niatku iki dik.”
Sundari           : “mpun dak tampa kakang.”
Dewi Arimbi   : “Ngger, anakku, Gathotkaca. Wong omah-omah kuwi kudu njaga rasa kapitayan dhewe-dhewe. Kudu padha.........
Anoman          : “Setuju nyonya, aku biyen ya kaya mangkono karo mantan bojoku.”
Kalabendan     : “ Kowe ngono yo tau duwe bojo no man?”
Anoman          : “Aja pengecean ah le.. “
: “ He ngger, Gathotkaca!”
Gathotkaca     : “Dalem wa,?”
Anoman          : “Miturutmu piye ki, aku wis tuwo kok ora ndhang dijupuk nyawaku marang Batrhara Guru?”
Gathotkaca     : “Miturut pamanggih kula wa, njenengan kedah sembahyang marang Bathara Guru.”
Anoman          : “Iya le, tak jajale.”

***

Nglembara ing awang-awang 
Hangelangut bebasan tanpa tepi
Narabasing  mega mendung
Ngider ideri jagad ngulandara nglembara ngunggahi gunung miwah sagung gagahan
Satemah ginawa ngimpi

Bengi iku, Anoman tapa 7 jam suwene. Bathara Guru medun ngampiri Anoman.

Bathara Guru  : “Ana apa Anoman?”
Anoman          : “Yuswaku niki mpun sepuh sanget, kula sampun mbothen betah gesang. Kula nyuwun, nyawaku iki dipunpundhut dening Gusti.”
Bathara Guru  : “yen panjalukmu ngono, sesuk nek wis titiwancine, kowe bakal tak jupuk! Nanging, iki kiowe kudu ngabdi dhisik sing becik ing nagari Pringgondani.”
Anoman          : “Menawi mekaten, kula purun nglaksanaaken Gusti.”
Bthara Guru    : “Kowe saguh tenan?”
Anoman          : “Kula saguh Gusti!”
Bathara Guru  : “Ya nek mengkono aku pamit, sing tanggung jawab ya!”
Anoman          : “Inggih Gusti, matur nuwun.”

Saklajengipun, Anoman urip ngabdi ana ing Pringgondhani kanthi becik. Nalika titiwancinipun seda, Anoman bungah merga bakal isa nusul bojone ing alam kana.

Ada-ada pathet sanga
Dasaring mangsa katiga purnaming gegana ,
Riris harda salah mangsa  adat sagung amung tani jumangkah samya ngayati o…..
Yasa bebedhengan kinarya handeder wiji minangka tumibaning mangsa sanga


Tidak ada komentar:

Posting Komentar