Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan
mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning
tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa
utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg,
gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges:
tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni
manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.
Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani
bebasan Manawa lereging teges nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet
karo ulah kridhaning manungsa. Diarani saloka menawa lereging teges magepokan
karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake.Anak-anakan timun = wong
kang ngepek bojo anake pupon
Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat
amarga duwe pangira bakal kalah prakaraneParibasan yaiku unen-unen kang
gumathok, ajeg panganggone, lan tegese wantah.
Tuladha :
a. Becik ketitik
ala ketara.
Tegese : becik lan
ala bakal ketara ing tembe burine.
b. Gayuk-gayuk
tuna.
Tegese : samubarang
kang dikarepake ora bisa keturutan.
c. Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah.
Tegese : kerukunan
ndadekake kasantosan, congkrah ndadekake karusakan.
http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar